Pepeling / Wejangan
Published by U5 under Renungan on 01.42Duh Gusti Allah Dzat ingkang Maha Welas, mugi-mugi anak kula punika panjenengan dadosaken tiyang ingkang tansah netepi dawuh panjenengan tuwin nebehi dateng awisan panjenengan sarana katingal ngremenaken dateng mripatipun tiyang sepuhipun kekalih, tuwin dipun paringana gadah watak ingkang perwira kanti tetepipun iman Islam. Duh Gusti Allah ingkang murbeng alam, mugi nyembadani dateng panuwun kula. Amin.
O...ngger anakku lanang kang tansah dak arep-arep mulyamu donya lan akherat. Sira kudu mangerti marang riwayatmu nalika arep metu saka Ibumu. Satemene Ibumu tansah ngorbanake tenagane lan pikirane kanggo ngudi keslametanmu lahir lan bathin kang tanpa petung.
O...ngger anakku lanang. Sira mangertia yen Ibumu iku wus ngrasaake ngandut marang sira ana ing sajeroning guwa garbane Ibumu ana ing mangsa 9 sasi; sahingga mangan ora enak, turu ora kepenak. Sawuse sira umur 7 sasi, Ibumu ora bisa turu kang kepenak. Luwi-luwih nalika sira arep metu saka guwa garbane Ibumu, Ibu ngrasaake kurban jiwa kang banget larane, sahingga pirang-pirang ahli famili pada ngepung marang Ibumu kanti pada nangis lan pada pating dlewer luhe, mangkono uga aku ngrasaake lara banget kang ora bisa digambarake larane, lan uga akeh wong wadon nglahirake bayi tumeka ing pati. Anangeng aku oleh pitulungane Gusti Allah SWT kanti slamet lan waras.
O...ngger anakku lanang kang wus katon gagah lan bagus. Sira mangertia marang ngerkasane Ibumu anggone tansah ngudi marang keslametanmu rina lan wengi, nganti direwangi kurang mangan lan ngombe, kejaba jamu kang pait-pait lan obat-obat kang ora nyenengake. Luwih-luwih menawa Ibumu krungu tangismu nalika isih bayi, Ibumu banget welase marang sira, senajan lagi ngrasaake lara lan ngelak, ngelu, ngelih; ananging Ibumu kepeksa mbrangkang perlu nulung nyusoni marang sira. Luwih-luwih aku nyawang Bapakmu katon nangis lan bingung ngalor ngidul prihatin, nggolekake pangan lan obat, amrih warase Ibumu lan menenge tangismu. Mula sira kudu mangerti marang kabecikane wong tuwamu / Ibu lan Bapak. Muga-muga Gusti Allah SWT tansah paring pitulung marang sira lan marang kita kabeh. Amin
0 komentar:
Posting Komentar
Terima kasih telah memberikan komentar